Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Khutbah Jumat Isra’ Mi’raj Kebaikan dan Hikmahnya



Khutbah Jumat Isra’ Mi’raj Kebaikan dan Hikmahnya



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته


الحمد لله الحــمد لله  الذ ي أســرى بــعــبــده لــيــلا مــن الــمــســجـد الــحــرام الى الــمــســجـد  الأ قــصى * وأراه فى  الــمـســيـر أيـاتــه الـكــبرى * ثــم أعــرجــه الى الــســمــوات الــعــلى * ثـم الى ســدرة الــمــنـتـهى * أشـهـد أن لا اله الا الله وحده لا شـريـك له الـذي أوحى الى عـبــده مــاأوحـى* وأشـهد أن محمدا عبـده ورسـولــه المبعـوث الى ســبـيـل الـهــدى * لــيــنــجــو قـائــلــهــا فى الــدنــيــا الى الــعــقـبـى* اللهـم صـل وسـلم على ســــيد نــا محمـدالــمـصــطفى *  وعلى ألـه وأصــحـابه ذوى الــفـضــل والــنـهى *  أمـا بـعــد فيـا أيــهــا الحاضــرون الكرام : أوصــيكم وايـاي بـتــقـوى الله فـقـدفـاز الـمـتـقـون *  وأحثـكم عـلى طاعـتـه لـعـلـكم تـفـلــحـون *  وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ *  بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ *  إِنَّ الصَّلاَةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ كِتَابًا مَوْقُوْتًا 



Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya



Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti mbudi daya amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, sarana tansah angrungkebi Iman lan Islam ing sak lebetipun gesang punika, ngantos pejah netepana Iman lan Islam sahingga pungkasan kita pinaringan khusnul khatimah. 



Kados dawuhipun Allah :



يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ


“He wong wong kang pada iman, Pada wediya sira kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan aja mati temenan sira kabeh kejaba sira kabeh minangka wong Islam” (QS. Ali Imran  102)



Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya, 



Prastawa Isra’ Mi’raj ingkang kedadosan ing saminipun wulan menika inggih wulan Rojab setunggal tahun sakderengipun hijrah jengkar dalem Kanjeng Nabi Muhammad Sallallhu’alaihi wa sallam saking bumi wutah rahipun negari Makkah tumuju negari Madinah, ngrupekaken prastawa luar biasa ingkang irrasional mboten pinanggih dening akal, mila kalebet mu’jizat tumrap Kanjeng Nabi, nanging minangka ujian berat tumrap tiyang mukmin kala semanten. Jalaran perjalanan ingkang sanget tebih ewon Km lan minggah ngantos nembus lapisan langit 7, namung dipun tempuh setunggal dalu sampun pulang pergi. Nalaripun manungsa mboten dumugi mila mboten sekedik tiyang ingkang sampun iman Islam nanging malah dados murtad jalaran prastawa Isra’ Mi’raj punika. Tumrap tiyang Quraisy prastawa punika dados senjata kangge nyerang tiyang Islam lan Kanjeng Nabi. Nganggep menawi Kanjeng Nabi sampun mboten waras, Isra’ Mi’raj dados bahan kangge mencaci maki, ngolok olok lan ngina dateng Kanjeng Nabi .  Dawuh dalem Allah ing Al Qur’an :



ومـا جعـلـــنـا الـرؤيـا الـتى أريـنـا ك  الا فـتـنـة  للـنـاس



“Lan Ingsun ora wus andadek ake ing impen kang wus Ingsun weruhake ing sira kejaba minangka  pacoban tumrap para manungsa” (Qs. Al Isra’ 60).



Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya, 



Prastawa Isra’ Mi’raj pancen kedah kita tampi kanti manah, mboten cekap tinampi kanti akal kemawon, jalaran akal kemawon mboten dumugi, nanging manah ingkang pikantuk pitedah lan hidayah saking ngarsanipun Allah bade nampi bilih sedaya saking kuasa lan kersanipun Allah , mboten wonten perkawis ingkang mukal malih menawi Allah ngersakaken. Prastawa Isra’ Mi’raj pancen minangka kedadosan ingkang luar biasa, kerana Allah bade  ngetingalaken tanda tanda panguwaosipun dateng kawulanipun ingkang pikantuk pitedah, supados saya kandel imanipun,  kados dawuh dalem Allah ing Al Qur’an :



لــنـريــه مــن أيــا تــنــا ا نــه هــو الــســمــيــع الــبــصــير



“Kerana Ingsun meruhake ing Muhammad sebagian sangka tanda tanda Keagungan Ingsun, Sejatine Allah iku Dzat Kang Maha Midanget lan Maha Waspada“   (QS.Al Isra :1)



Pramila prastawa punika ndadosaken saya sasar tumrap tiyang ingkang mboten pikantuk pitedah, nanging kosok wangsulipun tumrap tiyang mukmin ingkang pikantuk pitedah bade saya kiyat, saya kandel lan tebel imanipun, sinaosa mboten gaduk nalaripun, nanging manahipun saget nampi dateng sedaya perkawis ingkang dipun kersaaken dening Allah. Nanging tiyang fasiq ingkang namung ngendelaken dateng akalipun, bade nolak sedaya perkawis ingkang mboten pinanggih dening akalipun, supe bilih akal punika sanget winates, mboten kongang njangkau sedaya panguwaosun Allah, sahingga tiyang menika saya tebih kejlungup dateng juranging kesesatan.  Allah ing Al Qur’an paring dawuh : 



يضـل بـه كـثـيـرا ويـهـدى بـه كـثـيـرا ومـا يـضـل بـه الا الـفــاسـقـيـن



“Kelawan conto iki  akeh wong kang disasarake , lan uga sebab conto iki akeh wong kang  diparingi pituduh, lan ora ana wongkang disasarake dening Allah kejaba wong kang pada fasiq” (Qs. Al Baqarah : 26).



 Kaum Muslimin ingkang minulya, 



Hikmah ingkang wigatos saking prastawa punika,  supados iman kita saya kiyat lan kekah, langkung langkung ngadepi zaman ingkang sampun san saya majeng tingkat penalaran lan rasionalitasipun manungsa, ingkang samukawis mesti tansah dipun akal akal. Menawi mboten masuk akal ditolak, purun nampi menawi masuk akalipun. Ing mangka babagan keimanan punika bagian saking  perkawis ingkang asifat ghoiru ma’qul, irrasional tegesipun perkawis ingkang mboten masuk akal. Terutami perkawis ingkang ghaib, tentu akalipun manungsa mboten nyandak. Pramila prastawa Isra’ Mi’raj punika mboten kedah tinampi dening nalar kita, nanging kita tampi kanti manah, kita imani minangka perangan perkawis ghaib ingkang kedah kita yaqini lan kita imani bilih sedaya ngrupekaken suatu kebenaran,   mboten betah dateng pembuktian cekap kanti keyakinan bilih sedayanipun awit saking kuasa lan kersanipun Allah.



Sahingga prastawa Isra’ Mi’raj menika dados seleksi iman khususipun ing zamanipun Kanjeng Nabi rumiyin, mboten sekedik shahabat ingkang asalipun sampun mukmin nanging jalaran prastawa Isra’ Mi’raj punika prasasat imanipun dipun teter nanging wusananipun leder, lecek, oncat, minggat lan pecat  imanipun wangsul dateng sifat asli kufuripun. 



Wusananipun kita sesarengan nyuwun dateng Allah mugi mugi kita sedaya kaparingana tetep Iman Islamipun ngadepi kawontenan lan pacoben menapa mawon, syukur malah ndadosaken iman kita saya kiyat, kekah, rosa, kandel, tebel, kenceng, ngganteng, methentheng ngantos akhir hayat kita pinaringan khusnul khotimah.



بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ. وََنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ.  إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ. فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلاَئِكَةُ أَلاَّ تَخَافُوا وَلاَ تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ تُوعَدُونَ. وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ.


Posting Komentar untuk "Khutbah Jumat Isra’ Mi’raj Kebaikan dan Hikmahnya"

close